Pengetahuan edukatif inspiratif dan aktual

Mancing

Awan kuwi Trio SMS sardot,mukri lan sodron lagi mancing neng kali banjir kanal barat,Semarang

Sodron : "Asem.. awit mau kok umpanku rung dipangan.. opo iwake do poso po yo?"

Mukri : "umpanmu opo dron?"

Sodron : "bakwan tak suwiri.. salah yo?"

Mukri : "opo? bakwan? wuekekeke.. pekok kowe dron.. padhakke Sardot wae pemakan segala.. iki lho jenenge mancing tenanan ki koyo aku ngene.."

Sodron : "kemaki.. lha pakanmu opo kri?"

Mukri : "sego kucing.." mueheheheee

Sodron : "huahahaha.. lha jebule kowe yo ra nduwe uteg.. yo ra bakal dipangan lah.."

Mukri : "lha nopo?"

Sodron : "lha wedi karo kucing..."huekekekeee

Rumongso keganggu,Sardot langsung menyat tangi..

Sardot : "hey!! daripada kemruyuk ra genah ngono,mending ndelok coro mancing sing bener koyo aku iki lho.. RASAH NGANGGO UMPAN !! behahahaa36D"

Mukri : "yo ra mungkin iso dot.. dooott.. "

Sodron : "kepiye carane dot?"

Sardot : "pertama pancingmu rasah dipasangi umpan... trus uncalno neng kali.. lha lebar kuwi mbengok'o ngene..
.
.
.
.
HAI IWAK-IWAK SING MANIIIS...AYO PANGAN PANCINGKU... MELUO AKU..
NGKO BAKALE KOWE TAK INGU NENG OMAH...
..jal didelok hasile yo cah? Xixixixi"

Mukri karo Sodron mung thingak thinguk karo kukur kukur sirah.. amargo mikire sardot wes kantem pikir njuk dadi edan.. halahiyuuung..

Ora suwe ono kedadian aneh lur.. pancinge sardot OBAH DEWE koyo DIPANGAN IWAK!!

Sardot : "kae..kae.. mandi pora omongane mas Sardot..? hahahihek.."

Mukri : "ediaaan.. ajaib.. cettttar tenan kowe dot.."

Sodron : "ayo dot.. ndang ditarik selak iwake ucul!!"

Sardot : "sabar kisanak.. sabar yo.. iki lagi tak tarik.."

Pas ditarik tekan ndarat,. sing cemanthol jebul uduk iwak tapi..
.
.
.
.
.
..kertas cilik..
.
.
.
.
.
..ono tulisane....

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

.

...NGAPUSI !!
MESTI AMEH DIGORENG TO??
0 Komentar untuk "Mancing"

Back To Top